Basa Jawa : Pidhato / Sesorah Singkat Adicara Halal Bihalal

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak ibu ingkang kula kurmati,
Lan para sedherek ingkang dipun rahmati Allah SWT

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang maha agung. Awit saking rahmatipun kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan saengga kita saged makempal ing papan punika saperlu ngawontenaken halal bihalal.

Salawat lan salam mugi-mugi tansah kaparingan dumatheng Nabi agung Muhammad SAW, mugi-mugi kula panjenengan sami saged angsal syafaat wonten ing yaumul kiamah. Amiin..

Para sedherek ingkang dipun rahmati Allah, sasampunipun kita nindakaken ibadah siyam sewulan muput, kesabaran kita sampun dipunuji dening Allah SWT, mugi-mugi kanthi ujian punika kita saged ningkataken taqwa kita dhateng Allah SWT.

Acara halal bihalal punika sampun dados pakulinane warga masyarakat wonten ing desa kita sedaya. Halah bihalal saged ngraketake paseduluran kula panjenengan sami, lan dados acara ingkang manfaat ugi barokah. Pramila saking punika, acara kados mekaten niki kedah tetep dipun wontenaken. Kita ugi ngrumaosi bilih kula panjenengan sedaya kemawon kathah anggadhahi kalepatan-kalepatan. Pramila, wonten ing acara niki kita sami nglebur dosa lan kalepatan kita sedaya, saengga saged suci malih kados dene bayi ingkang nembe lahir.

Mugi-mugi kita sedaya dipun paringi umur dawa, saengga saged anglampahi siyam maleh wonten ing Romadhon tahun ngajeng. Lan  acara niki punika mboten wonten alangan, ugi tansah dipun paringi kelancaran.

Mekaten para sedherek sedaya ingkang saged kula aturaken. Sedaya kekirangan lan klenta- klentunipun, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.


Wabilahitaufik wal hidayah,wassalamualaikum Wr. Wb

Share this:

ABOUT THE AUTHOR

Hello We are OddThemes, Our name came from the fact that we are UNIQUE. We specialize in designing premium looking fully customizable highly responsive blogger templates. We at OddThemes do carry a philosophy that: Nothing Is Impossible

0 komentar:

Posting Komentar