PARAFRASE GEGURITAN "Bocah Cilik Kae" dening Adella Adriana Dewi

PARAFRASE GEGURITAN

Parafrase geguritan ateges ngowahi geguritan dadi basa gancaran kanthi pangajap maknane geguritan luwih gamblang utawa cetha.

Ø  Nggancarake geguritan “Bocah Cilik Kae”

Bocah Cilik Kae
Dening Turiyo Ragil Putra
Bocah cilik sing nyapu latar kae
(Bocah cilik sing lagi nyapu latar kae)
Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare
(Sapa ngerti mbesuk ing tembe mburine dadi bocah pinter)
Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
(Dadi wong kang kepenak uripe)
Andom lelana sinambi methaki lintang kartika
(Ambagi crita urip lan kabecikan marang wong liya)

Bocah cilik kae isih bening jiwane
(Bocah cilik kae kang isih urung nduwe dosa)
                                                  Isih suci lemah atine
(Isih suci atine)
Aja ditanduri jenu utawa senthe
(Aja diajari tumrap barang kang ala)
Aja dibumboni basa utawa krawe
(Aja diwarahi samubarang kang ora becik)
Bocah cilik kae
(Bocah cilik kae)
Togna menyang ngendi abur jiwane.
(Ditogne wae milih dalan uripe dewe,
amung kudu tetep ana ing dalan kang bener)

Kebumen, November 1997
Ø  Tetembungan kang durung dimangerteni tegese
1)      Tembe : Mengko, mbesuk
2)      Thukuk : Tuwuh
3)      Etare : Akal, nalar, pikiran
4)      Nganglang : Ngubengi
5)      Mega-mega : Mendhung
6)      Andom : Ambagi
7)      Lelana : Lelunga
8)      Methaki : Ngitung
9)      Kartika : Lintang
10)  Jenu : Sawijining tanduran kan nduweni racun
11)  Senthe : Sawijining tanduran tales-talesan kang uga nduweni racun
12)  Abur : Miber
                            
Ø  Dudutan geguritan “Bocah Cilik Kae”   


Nasibe manungsa mbesuk ora ana sing bisa mangerteni. Sanadyan kapisanane amung wong biasa lan kaya ora nduweni kadigdayan, nanging bisa uga mbesuk dadi wong pinter kang kepenak uripe lan bisa andum kabecikan marang liyan. Banjur, kanggo anggayuh kasuksesan mangkono iku, bocah kudu didhidhik wiwit isih cilik ngenani bab-bab kang luhur. Ora malah diwuruki ngenani bab-bab kang ala. Ing tembe mburine, bocah nduweni kabebasan milih dalan uripe dewe, nanging wong tuwa uga kudu tetep bisa ngarahake bocah supaya ora salah milih dalan uripe lan ora dadi keblinger.

Share this:

ABOUT THE AUTHOR

Hello We are OddThemes, Our name came from the fact that we are UNIQUE. We specialize in designing premium looking fully customizable highly responsive blogger templates. We at OddThemes do carry a philosophy that: Nothing Is Impossible

0 komentar:

Posting Komentar